Kalirejo - Pemerintah Desa (Pemdes) Kalirejo nembe kemawon nggelar acara tahunan ingkang wigati, nggih menika Musrenbangdes (Musyawarah Perencanaan Pembangunan Desa) kagem mbahas rancangan RKP Desa taun 2027 lan DURKP Desa taun 2028. (2/9/26)
Acara menika sanes namung kempalan biasa, nanging dados forum utami kangge ngrembug lan ngrancang arah pembangunan desa kagem taun 2027 mbenjang. Wonten ing musyawarah menika, para perangkat desa, BPD, RT/RW, tokoh masyarakat, lan perwakilan warga kempal dados setunggal.
Musrenbangdes menika ugi dipunrawuhi dening pirang-pirang tokoh penting. Wonten Bapak Riali Santoso, SH, minangka Plt. Kepala Desa Kalirejo ingkang paring sambutan sarta pangarahan. Saking pihak Kecamatan Wirosari, Bapak Agus Suprapto, S.Pd., M.M (Sekcam) ugi rawuh kangge maringi masukan sarta nyambungaken program desa kaliyan kecamatan.
Boten kesupen, BPD ugi paring kontribusi ingkang ageng, sanajan Ketua BPD boten saged rawuh nanging dipunwakili dening Ibu Sri Laswati. Kajawi menika, acara ugi dikawal kaliyan Pendamping Desa, Bhabinsa, lan Bhabinkamtibmas supados musyawarah mlampah kanthi aman, lancar, lan trep kaliyan aturan.
Rembugan lumampah kanthi gayeng lan santai, nanging tetep fokus lan profesional. Sedaya aspirasi saking warga—wiwit saking usulan dandani infrastruktur, pertanian, dumugi program pemberdayaan ekonomi lan kesehatan—dipuntampi kanthi sae. Usulan-usulan kala wau lajeng dipunrembug sareng-sareng kangge nemtokaken pundi ingkang kedah dipundadosaken prioritas utama ing taun ngajeng, mesthi kemawon disesuekaken kalihan kemampuan anggaran desa.
Kanthi wontenipun Musrenbangdes menika, Pemdes Kalirejo ngajab supados rancangan pembangunan ing taun 2027 saged langkung trep sasaran lan mbeto manfaat ingkang nyata kagem kesejahteraan sedaya warga.
Pembangunan desa menika boten saged mlampah piyambak. Pramila, monggo sesarengan kita sengkuyung lan kita kawal program-program ingkang sampun dipunsepakati. Kalirejo maju, wargane makmur!
(bj)