Kecamatan Wirosari, Kabupaten Grobogan
Jul2026
Dibuka
5 Kali
Jemuwah, 10 Juli 2026 – Acara pembinaan kesehatan ing Balai Desa Kalirejo esuk iku jebule ora mung mandheg ing tataran teori lan cathetan buku wae. Minangka wujud bukti nyata yen pamarentahan desa bener-bener nyengkuyung kesehatan wargane, ana momen spesial ing pungkasan acara sing nggawe emak-emak kader mesem sumringah.
​Sakwise antuk ilmu sing mantep babagan tata kelola, Plt Kepala Desa Kalirejo, Bapak Riali Santoso, SH, langsung masrahake pitulungan awujud Sarana lan Prasarana (Sarpras) kesehatan. Bantuan iki diserahake langsung marang para perwakilan kader kanggo nyukupi kabutuhan ing Posyandu lan Pos Kesehatan Desa (PKD).
​Kanthi raut pasuryan sing bungah lan rasa paseduluran sing kempel, Pak Kades nyerahake kothak-kothak piranti medis marang ibu-ibu kader sing wis baris rapi ing ngarep. Salaman kenceng antarane Pak Riali lan para kader iki dadi simbol amanah; yen piranti anyar kasebut dudu mung pajangan, nanging kudu dirumat lan digunakake sakapik-apike kanggo nglayani warga desa.
​Kaya sing wis dingerteni, Desa Kalirejo saiki nduweni 6 titik Posyandu sing nyebar lan dadi garda paling ngarep kanggo mantau kesehatan balita, ibu hamil, nganti para lansia. Kanthi anane tambahan fasilitas Sarpras sing anyar lan luwih mumpuni iki, kaajab pelayanan ing 6 Posyandu kasebut bisa sansaya cepet, akurat, lan maksimal. Emak-emak kader sing biasane repot nggawa alat lawas, saiki mesthi luwih gampang lan semangat anggone nindakake tugase saben wulan.
​"Alat anyar, semangate kudu luwih anyar lan makantar-kantar!" ngono kurang luwih kahanan batin para kader dina iki.
​Muga-muga, sinergi sing apik antarane pamarentah desa, tenaga kesehatan, lan kader iki nggawe warga Desa Kalirejo sansaya sehat, makmur, lan adoh saka penyakit. Terus semangat ngabdi lan melayani nggih, ibu-ibu pahlawan kesehatan desa!
(bj)

