Kecamatan Wirosari, Kabupaten Grobogan
Jul2026
Dibuka
18 Kali
Selasa, 7 Juli 2026 – Semangat mbangun desa kuwi ora mung babagan ngaspal dalan utawa nggawe jembatan, nanging sing luwih wigati yaiku mbangun sumbere manungsa lan kesejahteraan kulawargane. Semangat iki sing tansah diugemi dening warga Desa Kalirejo. Dina iki, swasana krasa gayeng amarga emak-emak hebat sing dadi ujung tombak desa kumpul bareng ing acara pertemuan rutin Kampung KB.
​Ing njero ruangan sing prasaja nanging resik lan asri, kumpule warga dianakake kanthi swasana santai nanging tetep khusyuk. Ing tembok kayu mburine meja narasumber, katon jelas struktur pengurus Pokja lan Poktan "Kampung KB Mawar" nempel rapi, dadi bukti yen tatanan program iki mlaku tenanan. Sing rada nggawe mesem, senajan iki isih sasi Juli, hiasan utawa ornamen "Dirgahayu Republik Indonesia" wis kepasang nambahi warna ing njero ruangan, kaya-kaya melu ngompa semangate para kader sing teka.
​Sing nggawe patemon dina iki krasa luwih mantep yaiku rawuhe Bapak Riali Santoso, SH, minangka Plt Kepala Desa Kalirejo. Kanthi ngagem seragam dines coklat keki, Pak Riali lungguh ing ngarep ngancani Ibu Ari wibowo minonggo perwakilan saking kecamatan. Rawuhe pimpinan desa iki dadi wujud sengkuyungan (dukungan) moral sing gedhe banget. Iki bukti yen pamarentahan Desa Kalirejo ora nate lepas tangan, nanging terus ngawal program-program sing tujuane kanggo nggawe kulawarga wargane luwih sehat lan sejahtera.
​Ngadhep meja cilik kanthi taplak werna pink, Ibu Tutik Awaliyah mbukak acara lan ngarahake rembugan. Ibu-ibu kader sing rawuh padha lungguh jejer-jejer ing kursi plastik werna ijo, ngrungokake kanthi saksama saben wejangan, materi kesehatan, lan program-program sing disampekkake. Obrolan dadi urip merga diisi tanya jawab babagan program kulawarga berencana, pencegahan stunting, lan pemberdayaan ibu-ibu ing omah.
​Senajan ngrembug bab sing serius, swasana tetep adhem lan asring diselingi guyonan seger saka Pak Kades utawa Bu Ari, nggawe emak-emak ora ngrasa ngantuk utawa spaneng. Iki lho bentuke srawung lan musyawarah wong desa; kabeh dirembug bareng mawa landhesan paseduluran lan guyub rukun.
​Muga-muga, liwat rutinitas lan kekompakan pengurus Kampung KB Mawar iki, kulawarga-kulawarga ing Desa Kalirejo sansaya makmur, rukun, lan sehat. Maju terus emak-emak kader Kalirejo, karya lan keikhlasan panjenengan kabeh minangka pondasi majune desa! (bj)

